Halaman

Friday 1 December 2017

Soal BAHASA JAWA 9 : Ujian Akhir Sekolah

UJIAN AKHIR SEKOLAH

Pilihen salah sijining jawaban sing mbok anggep paling bener !


1. Kang perlu digatekake sajrone wedharan sabda (teks pidato) kasebut ing ngisor iki, kajaba :
a. Isine cocok karo temane.
b. Yen nggawe istilah kudu sing bener.
c. Yen sing tumanggap para sesepuh bisa nganggo basa ngoko.
d. Basa sing digawe kudu sopan cocok karo sapa sing tumanggap (ngrungokne).

2. Kang perlu digatekake sajrone medhar sabda ing bab sikap kang becik …..
a. Ngadeg lendheyan sikil saksisih
b. Ngadeg kanthi wibawa
c. Ngadeg kanthi loyo 
d. Ngadeg kanthi kaku, ora obah

3. Dene ulate sajroneng medhar sabda bisa …..
a. Semringah 
b. Asring ngguyu 
c. Ndlungkuk 
d. Mbesengut 

4. Tetembungan kang pantes kangge “mengakhiri ucapan”
a. Purwaning atur, ngaturaken sugeng rawuh.
b. Sedyaning atur, ngawontenaken acara reuni para alumni.
c. Jumbuhing atur, sedya caos syukur.
d. Pungkasaning atur, nyuwun agunging pangaksami.

5. Mugi adicara menika kalampahan rancag nir ing sambekala. Nir ing sambikala tegese …..
a. Ora ana alangan 
b. Kaleksanan 
c. Mlaku apik 
d. Bisa kelakon

6. Kang dibiji sajroning. Medhar sabda umpamane kaya kasebut ing ngisor iki, kajaba .….
a. Solah bawa. 
b. Wirama / intonasi
c. Runtute bawa 
d. Ageman kang larang regane.

GAMBUH

Aja nganti kebanjur
Barang polah ingkang nora jujur
Yen kebanjur sayekti kojur tan becik
Becik ngupayaa iku
Pitutur ingkang sayektos

7. Sekar ing nginggil punika kalebet sekar …..
a. macapat 
b. tengahan 
c. gedhe 
d. dolanan

8. Sekar ing nginggil kedadosan saking .……. pada.
a. 1 
b. 2 
c. 4 
d. 5

9. Sekar ing nginggil wonten …..…. gatra
a. 5 
b. 4 
c. 3 
d. 2

10. Tibaning wulu suku saben pungkasaning gatra ing sekar macapat diarani .….
a. guru gatra 
b. guru wilangan 
c. guru lagu 
d. guru swara

11. Sekar GAMBUH nggadahi watak.….
a. resep , luwes .
b. santai tanpa greget
c. raket, kulina
d. nelangsa , keranta – ranta

12. Sekar dandang gula nggadahi watak.….
a. Sedhih , prihatin
b. resep , luwes
c. Seneng , tresna asih
d. galak

13. Pasrawung ing antarane nom-noman. Ukara iki ditulis cacahe pasangane ana…
a. 1
b. 2
c. 4
d. 5

14. Aksara murda cacahe ana…
a. 5
b. 8
c. 6
d. 9

15. Aksara rekan Gha, Fa, Kha yaiku….








16. Micara nganggo basa jawa iku raket banget karo bab…
a. Unggah ungguh
b. Sesrawungan
c. Paseduluran
d. Kawruh

17. Apa sebabpe unggah ungguh kudu di trapake? Jalaran.….
a. Kanggo ngluhurake wong tuwa, lan wong kang perlu diajeni.
b. Kanggo ngajeni marang bocah cilik.
c. Kanggo nyeneni marang andhahane.
d. Kanggo tukar padu.

18. Ibu tindak pasar mundhut ageman badhe..….Simbah.
a. diparengaken
b. diwenehake
c. dipun caosaken
d. disukaaken

19. Nalika Bude rawuh, Ibu nembe kemawon mapan sare.
Ukara menika saged dipun iwahi nganggo basa ngoko andhap….
a. Nalika Budhe rawuh, Ibu lagi bae mapan turu.
b. Nalika Budhe rawuh, Ibu lagi bae mapan sare.
a. Nalika Budhe teka, Ibu lagi mapan turu.
b. Nalika Budhe teka, Ibu lagi bae mapan sare

20. Bu Prapto : “Ibune ana Rin ?”
Rini : ……………………
a. Wonten bu, taksih adus mangga lenggah rumiyen
b. Wonten bu, taksih adus mangga lungguh dhisik
c. Ana bu, isih adus mangga lenggah dhisik
d. Wonten bu, taksih siram, mangga pinarak rumiyen

21. Raka pamitan budhal sekolah : anggenipun matur.
a. Pak, Bu dalem tindak rumiyen
c. Pak, Bu kula bidal rumiyen
b. Pak, Bu kula tindak rumiyen
d. Pak, Bu aku lunga dhisik

22. Bapak syukuran tangga tepalih sami dipun .….
a. aturi
b. dhawuhi
c. wenehi
d. timbali

23. Kula di ……. Bapak arta kanggo mbayar tabungan skal.
a. diwenehi
b. diparingi
c. dicaosi
d. diaturi

24. Ani nyiapake unjukan kagem bapak.
a. Pak niki, kopine
b. Bapak punika unjukanipun
c. Bapak, iki lho kopine
d. Kopine ing meja, pak

25. Tuladha ngoko alus …..
a. Griya sampaian napa taksih tebih?
b. Mangga kula aturi pinarak rumiyen !
c. Yen sida tindak, Mbok sare dhisik.
d. Kowe arep menyang engendi, dhi !

26. Nabok.……………. Terusno paribasan iki.
a. Keri tangan
b. Tangane nyilih
c. Nyilih tangan
d. Ganti ditaboki

27. Tembung kang mratelakake pagawean, solah bawa lsp diarani…..
a. Tembung aran
b. Tembung kahanan
c. Tembung kriya
d. Tambung Panggandheng

28. Ing ngisor iki klebu barang kang ora kasat mata. Kejaba.….
a. manungsa
b. katresnan
c. kabudayan
d. kapinteran

29. Sing klebu barang kodrat, kaya ing ngisor iki kejaba.….
a. witwitan
b. manungsa
c. kewan
d. lemari

30. Tembung kang mratelakake angka utawa cacahing barang, diarani….
a. Tembung katerangan
b. Tembung wilangan
c. Tembung kahanan
d. Tembung sesulih

31  Wilangan 1,3,4 basa kawine….
a. Eka Dwi Catur
b. Eka Dwi Panca
c. Eka Tri Catur
d. Dwi Tri Catur

32. “Yen pancen lanang tenan, ayo metuwa, majua dak ladeni ijen padha ijen”. Ukara iki klebu.….
a. Ukara Wancah
b. Ukara Panantang
c. Ukara Wutuh
d. Ukara Pangipat - ipat

33. Ukara sing medharake rasa pangarep – arep, Saumpama utawa Sanajan, diarani..….
a. Ukara Agnya
b. Ukara Andharan
c. Ukara Sambawa
d. Ukara Panguwuh

34 Panasa ta pemehanku ben garing, Ukara iku nduweni teges..….
a. Seumpama panas
b. Senajan
c. Pangarep - arep
d. Perintah

35. Kok akonana luputmu, kowe ora bakal didukani. Ukara iku nduweni teges…..
a. Seumpama di akoni
b. Senajan di akoni
c. Pangarep - arep
d. Perintah

36. Digawanana dhuwit ya ora dibayarke. Ukara iku nduweni teges…..
a. Seumpama digawani
b. Senajan digawani
c. Pangarep - arep
d. Perintah

37. Puisi Jawa gagrag anyar diarani....
a. tembang
b. wangsalan
c. geguritan
d. kidung

38. Geguritan diarani puisi bebas sebab....
a. bebas anggone njupuk tema
b. ora kaiket paugeran
c. sapa wae bisa ngarang
d. bebas nggunakake basa apa wae

39. Geguritan biyasane isi bab kejaba...
a. protes
b. piwulang
c. kritik
d. kidungan

40. Angka Jawa iku cacahe ana...
a. 8
b. 7
c. 9
d. 11

No comments:

Post a Comment